Esuk esuk Jumangin di parani putune lanang,...
"Hai mbah..., simbah lagi opo..?"
"Simbah lagi gopek dhong gedhang..!"
"Dhong gedhang nggo opo mbah?"
"Nggo gawe lontong cah bagus.."
"Trus lontong nggo opo mbah..?"
"Yo di pangan mengko.."
"Oh mengko. La saiki simbah ngopo..?"
"Gopek dhong gedhangg,, Hih..!"
"Nggo opo mbah..?"
"Nggo gawe lontongg.. Mau simbah rak wis omong to.?"
"Lontong ki opo mbah?"
"Di pangan, moso nggo kramas."
"Ohh di pangan mbah.?!"
"Ho'o.. Wis kono dolan ojo ngribeti simbah."
"Yonggene mbah.?"
"Simbah lagi usreg iki.!!"
"Usreg opo to mbah.?"
"Golek dhong gedhangg, mau rak wis omonggg..."
"Dhong gedhang nggo opo..?"
"Gawe lonttoonggg..!!!"
"Simbah ngomong karo sopo..??"
"Kowee..!!"
"Lha kok mbengok, aku rak neng kene cedhak simbah.!!"
"Lha kowe ra mudheng mudheng, ora weruh po simbah rebyek..??
"Ooh. Rebyek opo mbah,,??"
"Arghhhhhh!!! Golek dhongg gedhaannggg...!!"
"Dhong gedhang nggo opo mbah..?
"Ya Alloohh... Putuku iki... yo di pangannn..!"
"Lha ono beras kok simbah mangan dhong gedhang..?"
"Putune simbah sing paling gantheng... Sak durunge simbah keno stroke, apik'e kowe lungo kono ben simbah isoh nyambut gawe, ojo crigis yooo...?!"
"Kok keno stroke..? Dadi simbah golek dhong gedhang opo stroke.. Stroke ki opo to mbahh.. Opo ijo koyo dhong gedhang..?"
"Aduhhh.. aku stress aku stress stress stress..!!"
"Nek golek dhong gedhang dadi stress lha kok simbah isih tetep golek..??"
"Cukup..! Ojo takon meneh, apik'e kowe mulih sak'iki.. Cepeett...!!"
"Yo..!, mbah simbah ora melu mulih..?"
"Ora..!! Simbah lagi nyambut gawe."
"Nyambut gawe opo mbah..??"
"Gopek dhong gedhanggggg....!"
Komentar